Pembedaan Golongan

Minggu, 15 November 2015

Pada masa penjajahan kolonial Belanda pembagian kelas penduduk di Indonesia diatur secara hukum oleh Pasal 162 juncto Pasal 131 Indische Staatregeling (IS). Dalam pasal tersebut komposisi penduduk dibagi menjadi 3 golongan yang juga menentukan tingkatan kelas. Kelas yang tinggi tentu saja lebih mendapatkan keistimewaan.

Pertama, Golongan Kulit Putih (Eropa, Amerika, Jepang, warga campuran (indo) dengan kriteria tertentu). Kedua, Golongan Timur Asing (Tionghoa, Arab, India). Ketiga, Golongan Bumiputera (pribumi/inlander/penduduk asli).

Penduduk pribumi yang dimasukkan sebagai rakyat kelas ketiga atau kelas paling bawah, sering mendapatkan perlakuan tidak menyenangkan. Diskriminasi bisa terjadi pada lapangan pekerjaan, upah, jenis sekolah, tempat duduk dalam acara. Bahkan di sebuah gedung pernah dituliskan, "Anjing dan inlander dilarang masuk".

Politik segregasi peninggalan kolonial ini sekarang sudah dihapus. Indonesia telah merdeka, puluhan tahun usianya. Namun dalam keseharian, pembedaan golongan masyarakat masih dijumpai. Berikut, Kiai Haji Anwar Zahid, mubaligh kondang dari tanah Bojonegoro ini bertutur.

"Wong sugih karo wong melarat kuwi pancen beda, mangkat iring kemanten wae wis ketok beda.


Ibu-ibu yen iring-iring kemanten ya dibedak-bedakna, sing sugih bala sugih, sing melarat ya diklumpukna karo melarate. Sing sugih-sugih ditumpakne mobil sing apik-apik, mobil mewah-mewah, bangsane mobil Jenio, Pajero, Hamer, Lenkruser, Portuner, Penter, Inova, Avansa, Senia, Merci, Epivi, iku sing sugih-sugih…

Sing numpak, mba Ika, mba Sinta, mba Widia, mba Yanti. Mba Tuti, mba Mike, mba Ema, mba Erna, mba Sindi, mba Siska, mba Susi.

Tapi nek sing balane… Sundari, Ratemi, Supiah, Tasmining, Rumijah, Paenah, Katoyah, Sumiati, Sumiatun, ya kol tepak, iku tumpakane, nek perlu diusungi nganggo tossa.

Pancen ra padha.., sangune wae ra padha, sing sugih-sugih numpak mobil mewah, sangune ya enak-enak.. buah pir, apel, jeruk, duku, klengkeng, anggur…, ngombene ya fanta, koka-kola, sprait, maison, karo pokari swit... Iku wong sugih, lha sing melarat-melarat numpak kol tepak sangune ya ote-ote, onde-onde, lemper, gedhang goreng, tahu isi, tempe mbus. Lomboke wakeh.., ngombene es teh diwadhahi plastik, taleni cokot pojokane.

Tekan nggon kemanten ya beda, sing mudhun saka mobil apik ya ketok gandhes, luwes, lemes, pantes. Pancen wong sugih. Mudhun nganggo sandal jinjit dawa kaya artis, dhengkule diciutna, bokonge dijenthitna, susune diunjukna, mentek-mentek, gelungane rambut gedhe padha kaya bane mobil praoto. Mudhun nyangklek tas karo nyekeli dompet, mlakune tit.. njentit.. jentit.. njentit.. njentit…, mlaku karo pamer gelang nganti isa muni gelange krimpying.., krimpying.., krimpying.., gela-gelo, lambene pencap-pencep.

Lha sing melarat mudhun saka kol tepak wis ora rupa menungsa, lambene nyonyor kabeh, merga entek ote-ote enem lomboke pat likur, mongah-mongah lambene njedir kabeh, jontor dhewe-dhewe, rambute mosak-masek kena angin, keringet meruntus jrojosan sesek-sesekan neng kol tepak, celake ndelewer tekan pipi, lipstik munggah neng mripat, mudhun saka kol tepak sandal jepit nganti isa kleru, sing tengen sandale rupane abang, sing kiwa rupane kuning, ngono kuwi isih dikongkon nyangking kerdus."

0 komentar:

Posting Komentar

Terima kasih atas komentarnya

 

Label

kepegawaian (171) coretan (126) serba-serbi (86) saat kuliah (71) oase (68) pustaka (62) keluarga (58) tentang ngawi (58) hukum (49) peraturan (46) tentang madiun (37) album (26) konsultasi (20) tentang jogja (17)